Laman

Friday, July 17, 2015

Geguritan


Geguritan punika asalipun saking tembung lingga "Gurit" ingkang ateges "Coretan" utawi "Tatahan". Ing basa Indonesia dipun wastani Puisi Bebas. 
Geguritan minangka tembang uran-uran ingkang awujud purwakanthi (sebagian tetembunganipun dipun wangsuli, dibaleni (diulang).

Geguritan kalebet sastra modern utawi sastra gagrag anyar.
Anggenipun ngripta geguritan boten kaiket utawi boten wonten paugeran-paugeran ingkang kedah dipun gugu amargi guru gatra, guru wilangan ugi guru lagunipun boten ajeg ( karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan ugi guru lagunipun boten ajeg)
Geguritan minangka wewujudaning kaanan batin (jiwa) pangriptane sajroning nanggapi bab-bab kang dilakoni, diweruhi, saka kadadeyan ing sakiwa tengene, panguneg-uneg, gegayuhan, wawasan, lan liya-liyane. 


No comments:

Post a Comment