Laman

Wednesday, July 15, 2015

Saloka

Saloka, yaiku unen-unen utawa tembungan kang ajeng penganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan, dene kang dipindhakake wonge utawa barange.
Tuladha:
a. Kebo nusu gudel tegese wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
b. Kebo kabotan sungu tegese wong kang rekasa uripe jalaran kakehan anak.
c. Kacang nurut lanjaran tegese tingkah lakune anak lumrahe ora bedo karo tingkah lakune wong tuwane.
d. Timun mungsuh duren teges wong cilik padudon mungsuh wong gedhe  mesthi bakal kalahe.
e. Kethek saranggon tegese gegrombolane wong kan tumindake ala.
f. Emprit abuntut bedhug tegese perkara cilik wusanane dadi perkara sing ngembra-ngembra.
g. Gajah ngidak rapah tegese wong kang nglanggar wewalere dhewe
h. Kutuk marani sunduk tegese wong kang njarag marang bebaya.
i. Kebo ilang mulih menyang kandhange tegese wong utawa barang ilang bisa bali tanpa digoleki.
j.  Tumbu oleh tutup tegese wong kang memitran sing cocog banget.

No comments:

Post a Comment