Laman

Wednesday, July 15, 2015

Tembung Entar

Tembung entar inggih menika tembung ingkang ngemu teges boten salugunipun. Tembung entar ugi saget kawastanan tembung silihan. Liripun, tembung entar makaten boten saget dipun tegesi namung salugunipun kemawon.
Cobi kagatosno ukara menika: Sing sapa nandur kabecikan bakal oleh ganjaran.

Tembung nandur kabecikan menika kawastanan tembung entar. Tembung nandur mesthinipun boten saged dipun patrapaken wonten ing tembung kabecikan, jalaran ingkang limrah dipun tanem inggih punika sabangsanipun tethukulan. Tembung nandur kabecikan mengku kajeng tumindak becik marang sapa wae iku, kados dene nembe nanem taneman kanthi winih ingkang becik, wonten ing siti ingkang subur, cekap toya lan rabukipun, mesthi benjangipun badhe ngundhuh woh saking wining ingkang dipun sebar (tanem) awujud ganjaran saking Gusti Allah.


Tuladha liyane:
1.   Dawa tangane                     = tegesipun remen colong jupuk utawi celemer.
2.   Landhep ilate                      = tegesipun seneng nyatur liyan.
3.   Lunyu  ilate                         = tegesipun remen mencle-mencle
4.   Gedhe sirahe                       = tegesipun gumedhe utawi sombong.
5.   Entek atine                         = tegesipun kuwatir
6.   Mungkar atine                    = tegesipun mantep sanget
7.   Lobok atine                         = tegesipun sabar
8. Mletik pikire                      = tegesipun pinter, kebikak pikiranipun

No comments:

Post a Comment