Laman

Wednesday, July 15, 2015

Tembung Lingga

Tembung lingga iku tembung sing durung owah saka asalé (tembung asal). Tembung lingga duwé teges kang bisa béda nalika wis diwènèhi ater-ater utawa panambang kang banjur dadi Tembung Andhahan.  Saben tembung lingga bisa ndadekake tembung andhahan.
Tuladha: sapu, pangan, arit, tuku, pacul
Tembung, yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan dingerteni surasane. Saben rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tur ngemu teges, iku diarani tembung. Dene yen ana rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora kalebu tembung.
Tembung lingga utawa kata asal (kata dasar), yaiku tembung kang isih wuluh kang during owah saka asale utawa durung rinaketan apa-apa. Ana kang ngarani yen tembung lingga iku tembung kang isih wantah utawa isih jalaran tembung iku durung nate kawuwuhan apa-apa.
Manut cacahing wanda, tembung lingga bisa kagolongake dadi 3 wujud, yaiku tembung lingga ana kang dumadi saka sawanda (tembung wod), rong wanda, utawa telung wandha. Wandha iku basa indonesiane ateges suku kata.
Lingga sawanda (wod)
Lingga rong wanda
Lingga telung wanda
Gong
Pari
Rekasa
Bom
Pitik
Kulina
Las
Amben
Kapiran
cet
wajan
Mustaka

Wanda basa Jawa bisa dibedakna dadi loro yaiku:
1.      Wanda menga (terbuka) yaiku yen pungkasane wanda awujud vocal.
2.      Wanda sigeg (tutup), yaiku yen pungkasane wanda awujud konsonan.

No comments:

Post a Comment