Jinising Tembung yaiku :
1. Tembung aran
(kata benda)
Yaiku jenenge sekabehing apa bae kang dianggep barang.
Tuladha: pari, Solo, Haryadi, sapi, Merapi,
meja, lsp.
2. Tembung kriya
(kata kerja)
Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake
solah bawa utawa tandang gawe.
Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga,
ditulis, ngguyu, mulih, lsp.
3. Tembung kaanan
Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake
kaanane utawa watake (sifat) barang.
Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu, panas,
adhem, lega, sesak, resik, reged, lsp.