Laman

Showing posts with label Pepindhan. Show all posts
Showing posts with label Pepindhan. Show all posts

Wednesday, July 15, 2015

Pepindhan

Pepindhan iku unèn-unèn jroning Basa Jawa kang ora ngemu surasa kang sejatiné. Yèn ing basa Indonésia disebut pengandaian. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadyalan liya-liyané kang ngemu karep kaya.  Pepindhan asring digunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara pengantènan utawa jroning babagan sastra.
Tuladha :
01. Abang kumpul pådhå abang - kåyå alas kóbóng
02. Abangé - kåyå gódhóng katirah
03. Agungé - kåyå samodra rób
04. Akèhé pêpati - kåyå babadan pacíng
05. Akèhé pêpati - kåyå sulúng lumebu gêni
06. Akèhé lêlara - kåyå kêna pageblúk
07. Ali-aliné - nggunúng sapikúl