Laman

Showing posts with label Tembung Lingga. Show all posts
Showing posts with label Tembung Lingga. Show all posts

Wednesday, July 15, 2015

Tembung Lingga

Tembung lingga iku tembung sing durung owah saka asalé (tembung asal). Tembung lingga duwé teges kang bisa béda nalika wis diwènèhi ater-ater utawa panambang kang banjur dadi Tembung Andhahan.  Saben tembung lingga bisa ndadekake tembung andhahan.
Tuladha: sapu, pangan, arit, tuku, pacul
Tembung, yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges lan dingerteni surasane. Saben rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tur ngemu teges, iku diarani tembung. Dene yen ana rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora kalebu tembung.