Laman

Showing posts with label Urip. Show all posts
Showing posts with label Urip. Show all posts

Tuesday, July 21, 2015

Tuntunan Gesang : AJA DUMEH.



Tembung “Aja Dumeh” asalipun saking tembung “Aja” ingkang ateges “aja” (bhs. Indonesia : Jangan) kalihan tembung “Dumeh” ingkang ateges “Mung Amarga/jalaran saka” (bhs. Indonesia : Karena).
Dadosipun tembung “Aja Dumeh” tegesipun aja mung amarga utawi aja jalaran saka.
Tuladhanipun :
a. Aja dumeh sugih banjur ngêdir-êdirake (umuk bangêt).
    Tegesipun aja mung amarga sugih banjur umuk banget.
b. Aja dumeh isa muni
Tegesipun aja mung amarga isa muni banjur waton muni
c. Aja dumeh kuwasa.
    Tegesipun aja mung amarga kuwasa banjur  sak wiyah-wiyah marang kancane
d. Aja dumeh duwe pangkat.
    Tegesipun aja jalaran duwe pangkat banjur nindhes andhahane
e. Aja dumeh pinter.
    Tegesipun aja amarga pinter banjur ngina marang kancane.

Wonten alaming bebrayan tetembungan aja dumeh tegesipun sapa wae aja ngagungake jabatan, kasudibyan utawa kalungguhane. Upamane, aja sewenang-wenang. Dumeh wong sugih, ngenyek sing mlarat, dumeh wong pinter ngenyek sing bodho, dumeh gagah utawa ayu ngenyek sing elek.
Wong urip kedah brayan kalihan tiyang sanes, amargi wonten ngarsanipun Gusti Allah sedaya tiyang utawi punapa kemawon ingkang gesang lintunipun sami.
Ing salebetipun bebrayan sadhengah tiyang kedah sak madya. Sampun ngantos gesang kanthi kebak raos kumalungkung, adigang, adigung, adiguna, sapa sira sapa ingsun.
Sipatipun manungsa adigang, adigung lan adiguna punika sipat ingkang kagolong kumalungkung, jubriya utawi dumeh.
Sipat adigang punika minangka sipatipun kidang ingkang dumeh mlajaripun (playune) santer utawi cepet sanget. Sipat adigung punika minangka sipatipun  èsthi utawi gajah, ingkang dumeh ageng badanipun. Sipat adiguna punika minangka sipatipun sawer (ula), dumeh gadhah wisa.
Menawi tumrapipun manungsa sipat-sipat punika : adigang tegesipun ngandelaké marang kakuwatané. Adigung tegesipun ngandelaké marang gedhéné. Adiguna tegesipun ngandelaké marang kapinterané.
Pramila sipat aja dumeh utawi sipat kumalungkung punika kedah dipun tebihi amargi badhe nuwuhaken bilahi dhumateng tiyang ingkang kagungan sipat-sipat kalawau.
Aja dumeh punika kedah kita dadosaken tuntunaning  gesang wonten alam bebrayan.

Aja dumeh kuwasa njur kumawasa banjur tumindakmu dadi daksuralan daksia marang ing sapadha-padha.
(“Janganlah mentang-mentang engkau berkuasa lalu perbuatanmu menjadi pongah, congkak serta sewenang-wenang terhadap sesama.”)
                          
Aja dumeh pinter njur kuminter banjur tumindakmu dadi keblingersarta pocap lan lakumu ora tau pener.
(“Janganlah engkau mentang-mentang pintar lalu perbuatanmu menjadi menyimpang dan nyasar serta ucapan dan tingkah lakumu tidak pernah benar.”)

Aja dumeh kuat lan kumagagah banjur tumindakmu sarwa gegabahlan sakkarepmu dhewe ora ana kang nyegah.
(“Janganlah mentang-mentang engkau kuat dan gagah lalu perbuatanmu menjadi serba ceroboh dan gegabah serta semaumu sendiri dan tidak ada yang berani mencegah.”)

Aja dumeh sugih njur kumasugih banjur tumindakmu lali karo sing ringkih ora gelem sapa aruh lan senengmu nindhih.
(“Janganlah mentang-mentang engkau kaya raya lalu perbuatanmu melupakan yang lemah tidak berdaya tidak mau menyapa dan senanganmu Cuma memperdaya mereka.” ) 

Aja dumeh kumamenang banjur tumindakmu sewenang-wenang, elinga yen sira katanggor watune bisa gawe wirang. 
(“Janganlah mentang-mentang engkau sekarang menang lalu kepada yang kalah perbuatanmu menjadi sewenang-wenang hendaklah engkau sadar bilamana bertemu batunya dapat membuatmu malu.” )

Sumber : Mulok Bhs. Jawa