Laman

Showing posts with label Ukara Tanggap Lan Tanduk. Show all posts
Showing posts with label Ukara Tanggap Lan Tanduk. Show all posts

Wednesday, July 15, 2015

Ukara Tanggap Lan Ukara Tanduk

Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere (Subyek) nglakoake pakaryan.
Tuladha :
-   Ibu tindak dhateng Banyumas
-   Bapak maos koran
-   Eyang nembe siram
-   Adhik mangan anggur

Ing ukara tanduk, biasane wasesane nganggo ater-ater hanuswara. Kang kalebu ater-ater hanuswara kui -an, am, any, lan ang . Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater hanuswara uga lumrah mratelakake tembung “tanduk” (aktif).