Laman

Monday, July 20, 2015

Cerita Pengalaman : "Dikira Sekti".




Udakara ing taun 1995, aku arep tilik sedulurku sing ana Jakarta. Saka Ponorogo aku numpak bus, mudhun terminal Pulogadhung. Jaman semana Pulogadhung isih kondhang sangar, merga akehe preman  sing sok njaluki dhuwit marang penumpang kang lagi mudhun saka bus (istilah Jakarta ngompas utawa malak).
Amarga tekan Pulogadhung isih kesuken (tabuh 04.00), aku banjur golek warung banjur pesen wedang kopi terus lungguhan ana kono.
Sak wuse ngopi aku mlaku-mlaku ngenteni padhang. Kebeneran ing kono, persis ngisore lampu merkuri, ana bakul majalah bekas. Langsung wae aku nongkrong, maca, terus tuku majalah bekas siji, regane murah banget, mung Rp. 1000,-.

Ing dhuwur, langit wus katon rantak-rantak arep padhang, aku niyat neruske laku. 
Rencana nggoleki omahe sedulurku ing Bintaro. Merga gawanku mbriyut, majalah dak lebokake njero klambi sing dak rangkepi jaket. Dene tanganku kiwa tengen nyangking tas lan oleh-oleh.

Lagi mlaku sawetara jangkah, lha kok ana nom-noman lima ngrubung aku. Salah sijine nom-noman nggetak karo nodhongke glathi : “Minta uang! Cepat!. Mana uang?”.
Merga sanguku ya ora pati akeh, mula njur dak jawab wae, “Saya nggak punya uang Bang, sumpah.”

Dumadakan salah sawijine nom-noman mau njojohake glathi menyang wetengku. "Jeb. Mati aku, mesthi mbrodhol ususku", ngono pikirku.
Nanging unine kok mak "dhug". Lan aku ora krasa lara! Dibaleni olehe njojoh, muni maneh,,, "dhug". Lha, aku kok tetep waras-wiris.
Durung sadhar apa kang dumadi, nom-noman lima wis mlayu kabeh, nggendring kaya keweden banget.

Sak wuse nom-noman lima mau lunga, dhengkulku ngoplok. Atiku ndredheg karo wel-welan nyawang klambi sing cedhak wetengku. Ana bolongan loro tilas sudukan glathi mau. Wetengku dak demoki. "Hehhhhh ..." , lega tan kena ginambarake. Jebul wetengku isih wutuh ora ana tatu babar pisan. Dene sing katon krowak ora liya majalah bekas sing dak slempitake ing wetengku.

"Ooo..., dadi cethane preman-preman mau keplayu sipat kuping ki, merga ngira yen aku sekti ta, ora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurenda. 
Kamangka olehe ora tedhas dijojoh glathi mau, merga pucuke glathi  nanggor majalah bekas sing regane Rp. 1000.

Aku matur nuwun banget marang majalah bekas mau, ora lali ngaturake syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa kang wus paring keslametan lan umur dawa marang aku. 
Begjane, aku mau kok tuku majalah, yen ora mbok menawa aku wus entuk gelar almarhum. Alhamdulillaaaahh, aku isih waras. Slamet, slameet...
Sepisan maneh, aku ngaturake puji syukur konjuk Gusti Alloh. amerga majalah bekas rega Rp. 1000 kang wus nylametake nyawaku, preman mlayu ngendring, aku tetep widada, nirbaya, nirwikara. Amin.

No comments:

Post a Comment