Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi
nganggo ukara.
Untuk mencari penanggalan Jawa, Hijriah atau Masehi secara online, silahkan klik di sini
Sumber :
1. Wikipedia
2. Memajang Karya
Sengkalan punika kedadosan saking tembung saka+kala+an,
lajeng mungel sangkalan; wusananipun luluh dados sengkalan. Panulisan titi mangsa iki asring
kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen
diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1.
Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu.
Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun. Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka.
Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”.

WERNA
–WERNA SENGKALAN
Miturut wujudé
Miturut wujudé,
sengkalan kuwi ana rong werna yakuwi:
Miturut jinise
Miturut jinisé
sengkalan dipérang dadi telu, yakuwi:
Sengkalan lamba, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung sing prasaja. Tuladha: Buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
Sengkalan miring yaiku sengkalan sing migunakaké tembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975). Tembung "lungid" maknané "landhep", sing dikarepaké landheping "gaman". Gaman duwé watek 5. Tembung "wasita" maknané "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwé watek 7. Tembung "Ambuka", sing dikarepaké "lawang" utawa "gapura" sing nduwé watek 9. Tembung "Bawana", sing dikarepaké "bumi" sing nduwé watek 1.
Sengkalan memet, yakuwi sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalané.
Tuladha : Dik (buta) gajah tinunggangan jalma, maknané 1785
(buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).
Sengkalan lamba, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung sing prasaja. Tuladha: Buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
Sengkalan miring yaiku sengkalan sing migunakaké tembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975). Tembung "lungid" maknané "landhep", sing dikarepaké landheping "gaman". Gaman duwé watek 5. Tembung "wasita" maknané "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwé watek 7. Tembung "Ambuka", sing dikarepaké "lawang" utawa "gapura" sing nduwé watek 9. Tembung "Bawana", sing dikarepaké "bumi" sing nduwé watek 1.
Sengkalan memet, yakuwi sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar, reca, candhi, gedhong lan sapanunggalané.
Tembung lan watek wantune
1. Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji,
Gusti, Sujanma, Jalma, Wong, Semèdi, Nabi,
Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Candra, Kartika, Urip, Wani,
Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya. Raja, Ratu, Narpa.
2. Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah,
Nyembah, Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, Swiwi, Peksi, Paksi, Paksa,
Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu, Talingan,
Karna.
3. Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala,
Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya,
Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna, Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama.
4. Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: Papat, Pat, Catur,
Wahana, Warih, Dadya, Kéblat, Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra,
Tasik, Sindu, Marta, Karta, Masuh, Segara.
5. Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi; Lima, Gangsal,
Panca, Pandawa, Wisik, Gati,
Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusaka, Lungid, Landhep,
Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta,
Bayu, Samirana, Angin, Marga.
6. Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi: Nem, Sad, Rasa,
Hartati, Sarkara, Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa,
Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang, Ilat.
7. Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi: Pitu, Sapta, Prawata,
Giri, Arga, Gunung, Acala,
Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang, Weling, Wasita,
Tunggang, Titihan, Titih, Turangga, Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni.
8. Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi: Wolu, Astha, Basu,
Basuki, Slira, Murti, Bujangga, Pujangga, Manggala,
Taksaka, Ula, Naga, Sarpa,
Sawer, Dwipa, Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada,
Kunjara, Tanu, Madya.
9. Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi: Sanga, Sang, Nawa,
Déwa, Dwara, Lawang, Kori, Gapura, Lawang,
Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang, Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra, Gatra,
Menga, Mancep.
10. Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi: Ilang, Musna, Sirna,
Nir, Murca, Mlethik, Langit, Akasa, Wyat, Tawang, Kombul,
Muluk, Nenga, Luhur, Duwur, Adoh, Swarga, Tanpa, Tan, Swuh, Suda, Windu.
Carané Gawe Sengkalan
Yen arep gawe
ukara sengkalan:
Sepisanan kudhu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama (persamaan arti kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak wilangan sing padha. Umpamane :gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud tukisan sing padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Thuladhane : esthi sing tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekareban kang duwe watak wolu (8).
Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing duwe golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing pdha, contone : rembulan, srengenge, bumi, kuwi duwe watak wilanagan siji (1).
Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yakuwi tetembungan sing duwe suku kata utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku papat (4)
Kaping lima, yakuwi migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yakuwi sarana utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane). Tuladha : lidah (ilat).Sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan padha yakuwi enem.
Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yakuwi barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, umpama mata lan madeng, dianggep darbe watak wilangan padha yakuwi loro (2)
Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yakuwi sipat salah sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha karo panas, dianggep duwe watak wilangan sing padha yakuwi telu (3)
Kaping wolu, yakuwi nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa sinonim). Tetembungan sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku enem (6)
Watak bilangan itu merupakan salah satu syarat. Syarat yang lain adalah harus memenuhi unsur estetika penulisan sastra jawa, yang ditandai dengan Guru Dasanama (sinonimi), Guru Sastra atau Guru Lagu (persamaan kata), Guru Warga (persamaan golongan), Guru Wanda (persamaan suku kata), Guru Sarana (persamaan fungsi), Guru Karya (persamaan sifat kerjanya), Guru Darwa (persamaan sifat suatu barang), dan Guru Jarwa (persamaan makna).

Carané Maca Sengkalan
Maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing kinandhut
ing ukara sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa
kaya maca tulisan Arab. Tegese, angka
saka ukara sing keri saka sengkelan mau dadi angka taun sing ngarep dhewe,
kosok baline angka sing kinandhut ing tembung sepisan, saka sengkalan Buta Cakil kang
unine:Tangan Yaksa
satataning Janma (penyempurnaan bentuk wayang) Buta Cakil
dhek jaman Sultan Agung.Tangan : 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma:1, dadi diwaca
tahun 1552 Jawa utawa
taun 1670 Masehi
Contoh
sengkalan lamba di Kraton
Yogyakarta:
Paksa Pujangga Hangayong Jagad (1682 jawa, berdirinya Kraton Yogyakarta)
Nir Panca Padhita Ratu (1750 jawa, Sultan HB IV wafat)
Tunggal Catur Pandhita Iku (1741 jawa, dinobatkannya Sultan HB
IV)
Tuladha sengkalan memet di Kraton Yogyakarta:
Dwi Naga Rasa Tunggal (1682 jawa, berdirinya Kraton
Yogyakarta, bisa dilihat di atas renteng kelir baturana kagungan dalem regol
Kemagangan dan regol Gadhung Mlathi berupa dua ekor naga dengan ekor saling
melilit).
Dwi Naga Rasa Wani (1682 jawa, berupa dua ekor naga
berwarna merah yang berada di regol Kemagangan)
Esthi Sara Esthi Aji (1858 jawa, berbentuk dua ekor
kepala gajah yang terdapat anak panah di belalainya, terdapat di Regol
Danapratapa, merupakan penanda tahun dipugarnya Kori Danapratapa oleh Sultan HB
VIII)
Untuk mencari penanggalan Jawa, Hijriah atau Masehi secara online, silahkan klik di sini
Sumber :
1. Wikipedia
2. Memajang Karya
No comments:
Post a Comment