Laman

Friday, July 31, 2015

Tembung Sesulih

Ing basa Indonesia :
1.      Pronomina atau kata ganti adalah jenis kata yang menggantikan nomina atau frasanomina. Contohnya adalah sayakapan-nyaini.
2.      Pronomina atau kata ganti adalah kata yang dipakai untuk mengganti orang atau benda, seperti akuengkaudia.
Ing basa Jawa:
Tembung sesulih yaiku tembung kang minangka gegantining wong, barang utawa frasa nomina (frasa kang nduweni teges barang).
Tembung sesulih diperang dadi:
  1. Tembung sesulih purusa (kata ganti orang, pronomina persona). Yaiku tembung sesulih kang minangka gegantine wong, wong kang rembugan (sesulih utama purusa, purusa kapisan), wong kang diajak rembugan (sesulih madyama purusa, purusa kapindho), lan wong kang dirembug (sesulih pratama purusa, purusa katelu) Tembung sesulih purusa dipera.ng dadi:
1.      Tembung sesulih utama purusa (purusa ka I). Conto: aku, kula, kawula, adalem, ulun, kowe kabeh, manira, abdi dalem, abdi dalem kawula, ingsun, ingwang, ingong,
1.      Aku lagi mangan jenang grendul.
2.      Kula badhe kesah dhateng Ngajojakarta.
3.      Kawula ndherekaken tindakipun bapak.
4.      Adalem boten saged sowan panjenengan dalem.
5.      Nini Widawati, kita ngaturake pangabekti, sadurunge lan sawuse wus ulun tampa. Ora liwat pangestu uluntampanana!
6.      Bapa Druna, den prayogakna pilenggah jengandika,manira arsa wawan rembag kalayan paman Arya.


Katrangan:
1.Tembung adalem saiki lumrahe diucapake dalem, dene tembungpanjenengan dalem diucapake nandalem utawa panjenengan wae. Lugune, tegese tembung dalem yaiku  mu utawa kowe. Adalem tegese dudu kowe , dadi  ateges aku.
2.Tembung “ulun” lumrahe dianggo dening dewa marang titah ing pagelaran wayang.
3. Tembung “kita” ing basa kawi ateges “kowe”, nanging saiki, jalaran kaprebawan basa Indonesia owah tegese dadi “aku lan kowe ”.
4. Tembung sesulih purusa kang nduweni makna “jamak” ora tinemu ing basa Jawa. Mung wae ana frasa kang dianggo nuduhake jamak yaiku:aku kabeh, kula sedaya, kowe kabeh, sampeyan sedaya, panjenengan sedaya, lan panjenengan sami.

2.      Tembung sesulih madyama purusa (purusa ka II). Conto:kowe, sampeyan, sliramu, panjenengan, panjenengan dalem, nandalem, sira, pakenira, pukulun, kowe kabeh, panjenengan sadaya, panjenengan sami, pakenira, paduka, jengandika.
1.      Kowe arep menyang endi?
2.      Sampeyan saged kula ajokaken dhateng pengadilan.
3.      Sampun, cekakipun pantes sanget menawi kagemnandalem.
4.      Pukulun, keparenga anuntuni margining kayuwanan miwah sampurnaning sangkan paran.
5.      Bocah-bocah, kowe kabeh kudu tansah sinau sing mempeng.
6.      Paman harya Sangkuni, pakenira metua ing pagelaran.
7.      Bapa Druna, dhapur kapasang yogya dene jengandikasampun rawuh wonten negari Ngastina.
8.      Sinuwun, rawuh paduka ing dhatulaya, ri padukangaturaken pambagya panakrami.
9.      Sira aja ngendhak gunanning janma.

Katrangan:
1. pukulun, pakenira, jengandika, paduka ora kanggo ing padinan.
2.Tembung “slirane” kadhangkala uga dianggo kanggo purusa kaloro, nanging becike kanggo purusa kaloro ora nganggo tembung slirane.

3.      Tembung sesulih pratama purusa (purusa ka III). Conto:dheweke, piyambakipun, panjenenganipun.
1.      Dheweke saiki wis lulus saka UGM.
2.      Piyambakipun sampun dipuntampi dados PNS.
3.      Panjenenganipun bapak bupati nembe tindak dhateng Jakarta. 

No comments:

Post a Comment