Laman

Wednesday, July 15, 2015

Ukara Tanggap Lan Ukara Tanduk

Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere (Subyek) nglakoake pakaryan.
Tuladha :
-   Ibu tindak dhateng Banyumas
-   Bapak maos koran
-   Eyang nembe siram
-   Adhik mangan anggur

Ing ukara tanduk, biasane wasesane nganggo ater-ater hanuswara. Kang kalebu ater-ater hanuswara kui -an, am, any, lan ang . Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan. Ater-ater hanuswara uga lumrah mratelakake tembung “tanduk” (aktif).

Tuladha :
am + pacul ----> macul, (p luluh), tegese nindakake pegaweyan kang migunaake pacul
an + tulis  ----> nulis ( t luluh ) , tegese nindakake pegaweyan kang ngasilake tulisan
any + sapu ----> nyapu ( s luluh ), tegese nindakake pegaweyan kang migunaake sapu
ang + arit ----> ngarit , tegese nindakake pegaweyan kang migunaake arit

2. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere(subyek) dikenani pakaryan
Tuladha :         
–  Kembange dipethik simbah
-   Jeruke dipangan adik
-   Pelem dijupuk Shasa
-   Teh diunjuk Pakdhe

Yen ing ukara tanduk wasesane nganggo ater-ater hanuswara, ing ukara tanggap ater-ater kang digunakake ater-ater tripurusa. Ater-ater tripurusa kuwi ana 3, yaiku tak, ko, lan di. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater hanuswara. Beda karo ater-ater hanuswara, ater-ater tripurusa mratelake tembung “tanggap” (pasif). 

No comments:

Post a Comment