Laman

Wednesday, July 15, 2015

Seselan

Seselan utawa sisipan utawa infiks yaiku imbuhan kang dumunung ana tengahing tembung. Seselan ing basa Jawi jinis-jinisipun, antawispun: “um, in, er, lan el.”
1.   Seselan r, l, th, dh
a.    Seselan “er” tumrap ing tembung lingga ingkang tanpa konsonan “r”. dene menawi lingganipun sampun mawa konsonan “r”, ingkang dipun angge limrahipun seselan “el”.
Tuladha:
Kelip + er              = k(er) elip                  → kerelip (krelip)
Gebyar + er           = g (er) ebyar               → gelebyar (glebyar)
b.   Tembung lingga ingkang apurwa “r” utawa “l”, utawi ingkang apurwa vocal, manawi pikantuk seselan “er” utawi “el”, aksara purwaning lingga tarkadhang owah dados “k”.
Tuladha:
Awu + “el”            = klawu
Rintih + “er”          = krintih
c.    Wonten tembung lingga apurwa vocal, sasampuning dipun seseli “er” utawa “el” lajeng dipun wancah sarana dipun bucal purwanipun.
Tuladha:
Embat + er             = erembat, lajeng dipun wancah dados rembat
Asuk + er               = erasuk, lajeng dipunwancah dados rasuk
d.   Tumrap cakepan sekar, tembung mawi seselan “er” utawi “el” saget dipun ulur wandanipun.
Tuladha:
Jerit + el     = jelerit (jelerit)
Kelip + er  = kerelip (karelip)
e.    Tembung “gandhul” saget dipun seseli “er” utawa “edh”. Tembung “kanthil” saget dipun seseli “er” utawa “eth”.
Tuladha:
Gandhul + er         = grandhul
Gandhul + edh      = gendhandhul
Kantil + er             = kranthil

2.   Seselan um
              Tuladha:
Jangkah + um              = jumangkah
Riyin + um                  = rumiyin
Gludhung + um           = gumlundhung
a.    Tembung lingga ingkang purwanipun aksara “P” lan kawuwuhan seselan “um”, aksara “p” ing tembung lingga menika bakal malih dados “k”. ananging, menawi purwanipun tembung lingga awujud aksara “b” lan tembung wau kawuwuhan seselan “um”, aksara “b” ing tembung kalawau bakal malih dados “g”.
Tuladha:
Panggang + um     = pumanggang                        → kumanggang
Pinter + um           = puminter                   → Kuminter
Brebeg + um         = bumrebeg                 → Gumbrebeg
b.   Seselan “um” terkadhang saget malih dados “em”.
Tuladha:
Kuminter               → keminter
Gumagus               → gemagus
Gumantung           → gemantung
c.    Tembung lingga ingkang wiwitanipun vocal, konsonan “w”, lan konsonan “p”, menawi pikantuk seselan “um” owah dados “k”, dene menawi wiwitanipun “b” rubah dados “g”.
Tuladha:
Ayu + um              → kumayu
Wasis + um           → kumasis
Bagus +um            → gumagus
d.   Seselan “um” ingkang sumambung ing tembung lingga kajawi saget ndhapuk tembung kriya, inggih menika kriya tanduk tanpa lesan (verba intransitif) ugi saget ndhapuk tembung sifat (kaanan utawi watak)
Tuladha:
Dunung + um        → dumunung
Singkir + um         → sumingkir
Laku + um             → lumaku

3.   Seselan in
a.    Seselan “in” ugi kasebat rimbang tanggap “na”
Tuladha:
Satriya + in            → sinatriya
Luwih + in             → linuwih
Punjul + in             → pinunjul
b.   Seselan “in” menawi sumambung ing tembung lingga ingkang apurwa aksara swara (vocal) seselan “in” owah dados “ing” lan dumunung wonten ing sangajenging tembung. Ananging menawi purwaning tembung awujud aksara sigeg (konsonan) lan tembung menika pikantuk seselan “in”, seselan “in” mboten ngalami owah-owahan.
Tuladha:
Antem + in                        → ingantem
Apura + in             → ingapura
Tulis + in               → tinulis
Seselan ingkang sinambung ing tembung lingga badhe ndhapuk tembung kriya ingkang maknanipun sami kalihan tembung ingkang pikantuk ater-ater “di”.  Seselan “in” ugi dipun sebat tanggap bawa “na”, awit tembung lingga ingkang dipun tambah seselan “in” mesthi rubah dados tembung kriya, inggih punika kriya tanggap.
Tuladha:
Incim + in              → ingincim tegesipun diincim
Undang + in          → ingundang tegesipun diundang
Gambar + in          → ginambar tegesipun digambar

No comments:

Post a Comment