Laman

Wednesday, July 15, 2015

Dasanama

Dasanama iku sawijine basa sing ing basa Indonesia diarani sinonim, yaiku tetembungan sing nduweni teges luwih saka siji. Tuladhane dasanama kacetha ing ngisor iki.

Anak
=
Suta, putra, sunu, yoga, siwi, weka, tanaya, atmaja, siwaya, ja, patut, banu.
Awing-awang
=
Akasa, ambara, antariksa, awiyat, dirgantara, gagana, tawang
Ati
=
Budi, ambek, manah, galih, driya, praya, budaya, nala, prana, tyas, wardaya, angen-angen, cita, sangka
Awak
=
Wak, lingga, dhiri, raga, angga, deha, badan, tubuh, sulaksana.
Bagus
=
Sigit, pekik, jenthara
Banyu
=
We, tirta, warih, har, sindu, wayi, tuban, her, amerta, arjuna, udaka, sagara, jala, jahni, jahnawi, jahning.
Barat
=
Angin, anila, bajra, maruta, pawana, samirana, bayu, sindhung, pancaura, prabanca, pracandha, prahara, ati, gati, indri, margana, lesus, erawati.

Bebaya
=
Bencana, westhi, wancana, berna.
Becik
=
Adi, ayu, sae,  tama, ajeng, yogya, darma, arja, suba, tulyasri, yoga
Biyung
=
Babu, biyang, rena, ibu, umi, wibi, indhung, darani, puyengan, bibi
Bumi
=
Mandhala, dharana, maetala, buwana, basundara, basundari, pratyana
Bocah
=
Rarya, wala, larya, walaka, rare, lare.
Dalan
=
Marga, sopana, enu, lebuh, lurung, yana, hawan
Dewa
=
Absara, dewata, bathara, jawata, amara, resi-gana, hyang, widadara, nasa
Dewi
=
Apsari, bathari, widadari, dewati, sura-wadu, sura-retna, waranggana
Endah
=
Raras, rarasrum, senen, wicitra, berama, alep, resmi, listya
Emas
=
Jene, kancana, kanaka, rukma, rukmi, rikma, lancana, suwarna, iradya
Endhas
=
Sirah, mustaka, mastaka, murda, utamangga, kumba, sidhira, ulu, mudangkara
Gajah
=
Asti, diradha, esthi, dwipangga, liman, matengga, waniti, gajahmuka, angga
Geni
=
Agni, api, bahni, dahana, brama, pawaka, siking, guna, mreta, brahma, puyika, latu., puya, jata
Gludhug
=
Grah, Guntur, gumuruh, gerah, guruh, gurnita, gurnang, geter, peter
Gulu
=
Tenggak, jangga, lungayan, lungkaya, leher, lungaya
Gunung
=
Adri, aldaka, ancala, ardi, arga, giri, parwata, wukir, enadra
Godhong
=
Ron, rondan, patra, taru, dhahon, parna.
Iwak
=
Mina, jita, matswa, oti, wiyangga, mira, maswa.
Jeneng
=
Bisikan, parab, juluk, tengran, sebut, wewangi, asma, sambat, tengeran.
Kedhaton
=
Karaton, kenyapuri, puri, pura, pusantara, kadhayatan, kadhartawan.
Kaya
=
Kadya, kadi, lir, angler, pindha, yayah, pendah, asawang, sasat, saksat
Kanca
=
Kanthi, rowang, rewang, graya, pasaya
Katon
=
Wuryan, kawangwang, kasatmata, keksi, kengis
kwruh
=
Pangawikan, sastra, weda, widya.
Kembang
=
Sekar, sari, puspa, puspita, kusuma, kumala, padma
Kesuwur
=
Kalok, kaonang-onang, kawentar, kombul, kaloka
Kuning
=
Pita, jenar, gadhing
Kuping
=
Talingan, padlingan, pangrenga, karana, karni, kenoh
Lanang
=
Jaler, jalu, priya, purusa, kakung
Lawang
=
Wiwara, dwara
Legi
=
Hartati, Madura, sarkara, manis
Lintang
=
Kartika, sudama, tranggana, sasa, taranggana, bintang, sukra
Marcapada
=
Madyapada, marapada, narapada, janmapada, janapada, janaloka
Mata
=
Aksa, aksi, eksi, tingal, soca, caksu
Mungsuh
=
Satru, ripu, lawan, parangmuka, weri, durniti
Momong
=
Among, wong-wong, wang-wang
Nagara
=
Praja, kutha, radya, pura
Omah
=
Griya, wisma, dalem, suyasa, graham, bale, panti
Padhang
=
Prawana, dipa, bawera, lasa
Pamulangan
=
Pawiyatan, pracabakan, kartawaran
Pangan
=
Bukti, boja, baksa, boga
Pinter
=
Nipuna, widura, guna, wasis, budiman, wicaksana, wignya, lebda.
Pitutur
=
Darma, warsita, wursita, wasita, warah, wuruk
Piwulang
=
Warah, wuruk, wiyata
Rembulan
=
Candra, badra, sasi, kirana, wulan, sitaresmi, sasadra, sitengsu
Sagara
=
Samodra, tasik, jaladri, jalanidi, lahut, gambiralaya, udadi
Satriya
=
Danudra, andanawarih
Senapati
=
Senapatya, breyapati, narawara, panglima, hulubalang, pramugari
Slamet
=
Ayu, basuki, yuwana, swasta
Sugih
=
Kaya, drebala, sardana
Srengenge
=
Raditya, pratangga, diwangkara, prabangkara, bagaspati, baskara
Tangan
=
Asta, lungia, lugiyan, sikara, bujaka
Tawon
=
Bremara, sadpada, tuskara
Teja
=
Wangkawa, kuwung, danu, danumaya
Utusan
=
Duta, cacala, caraka, cundhaka, gandhek
Urip
=
Gesang, hidhup, atma, juwita, tuwuh, jiwana, kayun, satmaka
Wadon
=
Estri, dyah, juwita, wanudya, garini, wara, reni, dayita, retna
Wangi
=
Amrik, arum, sumrik, wida
Widadari
=
Apsari, dewi, dewati, bathari, waranggana, yuwati

No comments:

Post a Comment