Laman

Wednesday, July 15, 2015

Rura Basa

Tembung salah kaprah ugi winastan tembung  rura basa, tegesipun tembung ingkang sampun risak utawi tembung ingkang sampun lepat nanging kaprah. Tembung salah kaprah punika kapérang dados kalih ;
A.  Tembung salah kaprah ingkang patèn, tegesipun boten saged kaéwahan malih utawi boten saged dipunleresaken ;
1.  Adang sega  : Adang beras supaya dadi sega.  
2.  Mbathik jarit  : Mbatik mori supaya dadi jarit.  
3.  Mènèk krambil  : Mènèk wit krambil.
4.  Nguleg sambel  : Nguleg Lombok supaya dadi sambel.
5.  Nulis layang  : Nulis kertas supaya dadi laying.
6.  Nggodhok wédang : Nggodhog banyu supaya dadi wedang.
7.  Ngenam klasa  : Ngenam pandhan supaya dadi klasa.
8.  Negor gedhang  : Negor wit gedhang.


B. Tembung salah kaprah ingkang boten patèn, tegesipun tembung ingkang saged  dipunleresaken malah kepara kedah dipunleresaken ;
1. Acara ingkang leres  adicara.
Awit tembung  acara punika tembung asalipun saking basa Indonesia.
2. Ojo panyeratan punika manut tata paramasastra Jawi lepat ingkang leres aja.
Awit panyeratan mawi [o] punika panyeratan manut kaidah  paramasastra Indonesia, jer basa Indonesia punika boten saged mbèntenaken antawisipun [a] jejeg kaliyan [o].

Manut kaidah Basa Jawa
Manut kaidah Basa Indonesia

Cara

Coro

Sapa

Sopo

Ana

Ono

Wanasaba

Wonosobo

Kaliwira

Kaliwiro

Sriyanta

Sriyanto

Setya amrih prasaja

Setyo amrih prasojo

Purwareja

Purworejo

Retna

Retno

Selakrama

Selokromo

Leksana

Leksono

Triyana

Triyono

3. Panyerating è,e, lan é, kaidah basa Jawi taksih mbèntenaken panyeratan aksara swara è,e,é, déné kaidah basa Indonesia panyeratan [e] boten wonten bèntenipun ;
Manut kaidah Basa Jawa
Manut kaidah Basa Indonesia

Kéné

Kene

Geger

Geger

Gègèr

Geger

Kéré

Kere

Keré

Kere

Sléman

Sleman

Kéthok

Kethok

Sapèn

Sapen

Kelek

Kelek

Kèlèk

Kelek

4. Panyeratan [i] ingkang  dipunwaos [i], lan panyeratan [i] ingkang dipunwaos [e] ;
Uniné [pithék / péthék] panyeratan ingkang leres pithik.
Uniné [sakéng] panyeratan ingkang leres saking.
Uniné [paléng] panyeratan ingkang leres paling.
Uniné [maléng] panyeratan ingkang leres maling.
Uniné [krambél] panyeratan ingkang leres krambil.

5. Panyeratan aksara swara [u] ingkang kawaos [u] lan panyerating aksara [u] ingkangkawaos [ů] ;
Alun – alun 
sanes
Alon – alon
Wedhus
sanes
Wedhos
Jujul
sanes
Jojol
Udud
sanes
Odod
Putih
sanes
Poteh
Thukul
sanes
Thokol

6. Ulang tahun basa Jawinipun ambal warsa.
Happy birthday   selamat ulang tahun   sugeng ambal warsa.

7.  Selamat Tahun Baru langkung trep mawi sugeng tanggap warsa;
Happy new year  selamat tahun baru   sugeng tanggap warsa.

8.  Akir – akir iki ingkang leres tembé iki, ntas iki ;
Akhir – akhir ini   akir – akir iki [lepat].
Akhir – akhir ini :  tembé iki, ntas iki [leres].

9. Antara liya ingkang leres antarané ;
Antara lain    antara liya [lepat].
Antara lain  :  antarané [leres].
10. Caos lebetan, caos input, ingkang leres caos pamrayogi, caos panyaruwé ;
Memberi masukan  caos lebetan [lepat].
Memberi masukan  caos input [lepat].
Memberi masukan :  caos pamrayogi, caos panyaruwé [leres].

11. Dudu, dédé, liya, sanés;
Dudu tembung ngoko basa Indonesiané bukan.
Dédé tembung krama basa Indonesiané bukan.
Liya tembung ngoko basa Indonesiané lain.
Sanés tembung krama basa Indonesiané lain.
Kula murid SMA dédé murid SMP.
Punika buku dédé potlot.
Punika sanès buku kula.

12. Dèrèng berpengalaman, taksih cubluking kawruh, kirang seserepan.
Belum berpengalaman  : déréng berpengalaman [lepat].
Belum berpengalaman  :  taksih cubluking kawruh [leres]
Belum berpengalaman :   kirang seserepan [leres].

13. Didukung, disengkuyung ;
Didukung  :   didukung [lepat]
Didukung  :   disengkuyung [leres]

14. Dipunbikak, dipunmilai, dipunwiwiti, dipunpurwakani ;
Dimulai  :   dipunbikak [lepat]
Dimulai   :  dipunmilai [lepat]
Dimulai   :  dipunwiwiti [leres]
Dimulai   :  dipunpurwakani [leres].

15. Dipuntutup, dipunpungkasi, dipunpurnani, dipungkasi ;
Acara ini mari kita tutup dengan….
Acara iki ayo kita tutup kanthi….
Adicara punika mangga kita tutup kanthi…. [lepat]
Adicara iki ayo dipungkasi kanthi….[leres]
Adicara punika mangga dipunpungkasi kanthi…[leres]
Adicara punika mangga dipunpurnani kanthi…[leres]

16. Kita, kula lan panjenengan, aku lan kowé. Tembung  kita  ing basa Jawi bénten kaliyan  kita bahasa Indonesia.  Kita basa Jawi tegesipun ;  kowé, sampéyan, panjenengan. Awit tembung  kita punika asalipun saking tembung  Jawi Kina ingkang nggadhahi teges kowé, sampéyan lan panjenengan.
Mari kita bersama – sama….
Mangga kita sesarengan [lepat]
Mangga kula lan panjenengan sesarengan [leres] utawi
Mangga sesarengan [leres]

17. Kula lan kawula ;
Kula punika laré dusun [leres]
Kawula punika laré dusun [lepat]
Kawula ing dusun ngriki kathah [leres].
Kula :    saya, aku
Kawula  :  abdi, hamba, rakyat.

18. Kesimpulan, dudutan ;
Jadi kesimpulannya……
Dadi kesimpulané…. [lepat]
Dados kesimpulanipun… [lepat]
Dadi dudutané…. [leres]
Dados dudutanipun…. [leres] 

No comments:

Post a Comment