Laman

Wednesday, July 15, 2015

Purwakanthi

Purwakanthi yaiku tetembungan kang padha swarane utawa kang padha aksarane,. Purwakanthi kaperang dadi telu yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa (lumaksita).

Purwakanthi guru swara yaiku tetembungan sing nunggal swara, kayata:
1. Opor-opor bebek, mentas saka awake dhewek.
2. Kudu jujur, yen kepengen mujur.
3. Thenguk-thenguk nemu kethuk.

Cathetan: Parikan iku uga kalebu ewone purwakanthi guru swara.
1. Abang-abang ora legi, turas magang ora dadi.
2. Wetang mendhung kulon mendhung. Aling-aling godhong jarak.
Bapak nundhung simbok nundhung. Ku dhewe sing murang sarak.


Purwakanthi guru sastra yaiku tetembungan sing nuggal sastra (aksara), kayata :
1.      Wanita sugih wawasan wasis asung wewarah.
2.      Katula-tula katali
3.      Sluman, slumun, slamet

Purwakanthi guru basa yaiku tetembungan sing nunggal basa utawa tembung, kayata:
1.      Kolik priya, priyagung anjani putra.
2.      Witing klapa, kalapa kangmaksih mudha.
3.      Kawi sekar, sekar pepundhen Sri Kresna.

Cathetan:
Tuladha purwakanthi kasebut sabenere pethilan saka wangsalan sing genepe mangkene:
1.   Kolik priya, priyagung anjani putra, tuhu eman wong anom wedi kangelan.
Kolik priya arane tuhu, priyagung anjani putra iku Raden Anoman.
2.   Witing klapa, kalapa kang maksih mudha, salugune mung mardi pikir raharja.
Witing klapa arane glugu; kalapa kang maksih mudha (klapa sing isih enom) arane cengkir.
3.   Kawi sekar, sekar pepundhen Sri Kresna, lir puspita warnane kusumeng pura.
Basa kawine sekar yaiku puspita, sekar senjatane Sri Kresna yaiku Wijaya Kusuma.

No comments:

Post a Comment