Laman

Wednesday, July 15, 2015

Sanepa

Sanépa iku unèn-unèn sing tegesé mbangetaké nanging nganggo tembung kosok balèn. Sanépa iku ukara pepindhan kang kadadéyan saka dhapukaning tembung watak lan tembung aran.
Tuladha:
Polahé anteng kitiran; tegesé polah banget, diumpamakké kaya kitiran
Awaké kuru semangka; tegesé awaké lemu banget, diumpamaké kaya semangka
Umpamané:
1. Ambuné arum jamban tegesé Ambuné banger banget
2. Awaké kuru semangka tegesé Awaké lemu banget
3. Balungé atos debog tegesé balungé empuk banget
4. Barangé aji godhong garing tegesé Barangé ora aji banget
5. Boboté abot kapuk tegesé Bobote entheng banget
6. Cahyané abang dluwang tegesé Cahyane putih banget
7. Dedege dhuwur kencur tegesé Dedege cendhek banget
8. Èsemé pait madu tegesé Èsemé manis banget
9. Kulitané wuled godhong lumbu tegesé Kulité mbedhel banget
10. Lembuné benjo tampah tegesé Lemuné bunder banget
11. Playuné rindhik asu digitik tegesé Playuné banter banget
12. Rasané legi bratawali tegesé Rasané pait banget
13. Sesrawungané renggang gula, kumepyur pulut tegesé Sesrawungané raket banget
14. Tatuné arang kranjang tegesé Tatuné akeh banget
15. Ulaté bening leri tegesé Ulaté mbesengut banget
16. Wujudé agal glepung tegesé Wujudé lembut banget
17. Barangé abot merang segedheng tegesé Barangé ènthèng banget
18. Matane kedhèp tesmak tegesé Matané mentheleng
19. Kulité kuning silit kwali tegesé Kulité ireng banget

No comments:

Post a Comment