Tembung
lingga iku tembung sing durung owah saka
asalé (tembung asal). Tembung lingga duwé teges kang bisa béda nalika
wis diwènèhi ater-ater utawa panambang kang banjur dadi Tembung Andhahan. Saben tembung lingga bisa ndadekake tembung andhahan.
Tuladha: sapu, pangan, arit, tuku, pacul
Tembung,
yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges
lan dingerteni surasane. Saben rerangken swara kang metu saka jroning
tutuk tur ngemu teges, iku diarani tembung. Dene yen ana rerangken swara kang
metu saka jroning tutuk tanpa mawa teges, rerangken swara iku ora kalebu
tembung.
Tembung
lingga utawa kata asal (kata dasar), yaiku tembung
kang isih wuluh kang during owah saka asale utawa durung rinaketan apa-apa.
Ana kang ngarani yen tembung lingga iku tembung kang isih wantah utawa isih
jalaran tembung iku durung nate kawuwuhan apa-apa.
Manut cacahing wanda,
tembung lingga bisa kagolongake dadi 3 wujud, yaiku tembung lingga ana kang
dumadi saka sawanda (tembung wod), rong wanda, utawa telung wandha. Wandha iku
basa indonesiane ateges suku kata.
Lingga
sawanda (wod)
|
Lingga
rong wanda
|
Lingga
telung wanda
|
Gong
|
Pari
|
Rekasa
|
Bom
|
Pitik
|
Kulina
|
Las
|
Amben
|
Kapiran
|
cet
|
wajan
|
Mustaka
|
Wanda basa Jawa
bisa dibedakna dadi loro yaiku:
1. Wanda
menga (terbuka) yaiku yen pungkasane wanda awujud vocal.
2. Wanda
sigeg (tutup), yaiku yen pungkasane wanda awujud konsonan.
No comments:
Post a Comment