Laman

Wednesday, July 15, 2015

Tembung Andhahan

Tembung andhahan, yaiku tembung lingga kang wis owah saka asale. Owahe tembung lingga jalaran diwenehi imbuhan, dirangkep, dicambor, lan diwancah.
1.      Imbuhan (Wuwuhan)
      a.      Ater-ater
Ater-ater, yaiku imbuhan kan manggone ana ngarep. Wujude ater-ater: m-, n-, ng-, ny-, (ater-ater hanuswara), dak,- ko-, di-, (ater-ater tripurusa), kuma-, kami-, kapi-, ka-, sa-, pa-, pi-, pra-, pri-, tan-, pan-, a-,.
Rumus= ater-ater + tembung lingga
Tuladha:
m- + baling                  = mbalang
dak- + tuku                 = daktuku
kapi- + lare                  = kapilare

      b.      Seselan
Seselan, yaiku imbuhan kang manggone ana tengah. Wujude: -el, -er, -em, -um, -in,
Rumus: = seselan + tembung lingga
Tuladha:
-in- + tuku                   = tinuku
-um- + gandhul           = gumandhul
      c.       Panambang
Panambang, yaiku imbuhan kang manggone ana mburi. Wujude panambang: -a, -e, -i, -an, -en, -ake, -na, -ana, -ne, -aken, -ku, -mu, ipun, -ira
Rumus = tembung lingga + panambang
Tuladha:
Gawa + -ake                = gawakake
Buku + -mu                 = bukumu
Silih + -na                    = silihna

2.      Wancahan (Singkatan)
Tembung wancah, yaiku tembung cekakan utawa tembung sing die log. 
Dene pangeloge tembung ana 4 warna.
a.    Ambuwang perangan ngarep
     Tuladha: Embakyu → em + bak + yu = bakyu
b.      Ambuwang perangan mburi
     Tuladha: Embakyu → em + bak + yu = embak
c.       Ambuwang perangan ngarep mburi
     Tuladha: Sutarja → su + tar + ja = tar
d.      Tanpa wewaton
     Tuladha: Sidoharjo = Ndarjo

     3. Rangkep
a.      Dwipurwa
Sing dirangkep wanda sing ngarep
Tuladha:
Gaman = ga + man = gagaman → gegaman
Tuku    = tu + ku    = tutuku → tetuku
     b.      Dwilingga
Sing dirangkep tembung linggane. Kang nuduhake tges luwih seko siji
1)   Dwilingga padha swara
     Tembung rangkep sing antarane swara ngarep karo swara mburi padha.
     Tuladha: bapak = bapak-bapak, ibu = ibu-ibu
2)   Dwilingga salin swara
Tembung rangkep sing antarane swara ngarepvlan mburi beda.
Tuladha: turu = tura-turu, mlaku=mloka-mlaku
3)   Dwilingga semu
Senajan tembunge dirangkpe, nanging duwe teges ora luwih saka siji.
Tuladha : ondhe-ondhe (arane panganan), epek-epek (arane tangan).
     c.    Dwiwasana
Sing dirangkep wanda sing mburi.
Tuladha:
Cekik = ce + kik = cekikik
Cenges = ce + nges = cengenges

2 comments: