Laman

Wednesday, July 15, 2015

Pepindhan

Pepindhan iku unèn-unèn jroning Basa Jawa kang ora ngemu surasa kang sejatiné. Yèn ing basa Indonésia disebut pengandaian. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadyalan liya-liyané kang ngemu karep kaya.  Pepindhan asring digunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara pengantènan utawa jroning babagan sastra.
Tuladha :
01. Abang kumpul pådhå abang - kåyå alas kóbóng
02. Abangé - kåyå gódhóng katirah
03. Agungé - kåyå samodra rób
04. Akèhé pêpati - kåyå babadan pacíng
05. Akèhé pêpati - kåyå sulúng lumebu gêni
06. Akèhé lêlara - kåyå kêna pageblúk
07. Ali-aliné - nggunúng sapikúl
08. Alusé - kåyå sutra
09. Antêngé - kåyå têmantèn ditêmókaké
10. Ayuné - kåyå Dèwi Ratíh
11. Bagusé - kåyå Bathårå Kamåjåyå
12. Bangoné - awangun gêdhang salirang
13. Banteré - kåyå angin
14. Bêbêdané - ngadhal mèlèt
15. Bédané - kåyå bumi karo langít
16. Bêgjané - kåyå nêmu êmas sakêbo
17. Bêgjané - kåyå nêmu cêmpaka sawakúl
18. Bungahé - kåyå kêtiban ndaru
19. Cahyané bingar - kåyå lintang johar
20. Cahyané nglêntríh - kåyå rêmbulan karainan
21. Cêp klakêp - kåyå óróng-óróng kêpidak
22. Cêthilé - kåyå cinå craki
23. Cumlórót - kåyå lintang alihan
24. Cumlórót - kåyå ndaru

No comments:

Post a Comment