Hal terpenting yang berkaitan dengan kolat Purwantoro, diantaranya :
Mas Yadi
Mintorogo : "Is, kolat Purwantoro diopeni sing tenanan, aja ragu.
Kudu madhep, manteb, merga tantangane akeh gek mas Ismail kudu isa lan wani
ngadhepi tantangan. Merga ngedekke kolat kuwi ora gampang, ora entheng, ning ya
ora angel. Apa meneh arep gawe cabang. Aja grusa-grusu, aja gampang kepancing bab-bab sing marai salah
paham utawa marai sulaya. Yen ana apa-apa cepet mreneya (ngadhep aku).
Ismail
:"Nggih Mas, kula nyuwun pangestunipun".
Mas Yadi Mintorogo :"Iya Is, mesthi tak dongakke, tak pengestoni nggonmu ngembangke Merpati Putih neng Wonogiri. Muga-muga Gusti paring lancar nggonmu ngabdi. Ning ya kuwi ..."
Ismail:"Amin Mas Yadi. Dos pundi Mas?"
Mas Yadi Mintorogo :"Besuk, lamun wis dadi Cabang, sing bijak ngadhepi kahanan. Merga besuk, sing isa ngurusi Cabang Wonogiri kuwi awakmu karo uwong-uwong sing isa lan gelem mlaku bareng karo awakmu. Sewalike Is, Wonogiri bakal isa berkembang yen bocah-bocahmu nurut marang awakmu lan setiya marang aturan Perguruan. Merga kasunyatane sing babad kuwi awakmu, dudu sapa-sapa. Babad kuwi kudu wani sembarange, wani ngadhepi ya wani nandangi".
Ismail :"Nggih Mas. Kok ketawise pripun ngoten ta Mas?".
Mas
Yadi Mintorogo :"Is, senajan dikaya ngapa Purwantoro kudu dadi Cabang. Aku
yakin, kana (Purwantoro) isa dadi Cabang, Cabang Wonogiri. Ning ya kuwi, kudu
wani rekasa, berjuang, ikhlas lan sabar".
Ismail
:"Nggih Mas".
Mas Yadi Mintorogo
:"Mas Ismail sing sering mrene, nyang Padhepokan (Padhepokan Madiun) kene, ben tambah Materi dienggo bekal dadi Pelatih neng Purwantoro. Merga materi
utawa bekalmu dadi Pelatih kudu tambah. Gak usah ngenteni kanca yen arep mrene
(Padhepokan Madiun).
Ismail :"Nggih Mas".
Itulah sedikit diantara arahan dari mas Yadi Mintorogo.